Artikel Bahasa Jawa : Generasi Milenial - SMAN 1 Sewon

Artikel

SMAN 1 Sewon

Artikel Bahasa Jawa : Generasi Milenial

Oleh person Arif Rohmawan   | 01 Agustus 2018 Dibaca : 10449 kali



Artikel Bahasa Jawa : Generasi Milenial













Generasi Milenial

dening: Arif Rohmawan

 

 Ilustrasi oleh brilio.net

       

 

       Generasi milenial, tembung kang misuwur ing sadhengah papan. Wiwit saka bab pawiyatan, teknologi lan kabudayan. Nanging apa masarakat wis padha ngerti, apa kang aran generasi milenial??

       Millenial utawa kadhangkala sinebat generasi Y, yaiku wong kang lair sawisé Generasi X, udakara ing taun 1980-an lan 2000-an. Pramila kang aran generasi milenial, yakuwi wong enom kang umuré udakara 17-37 taun. Milenial, winastan generasi kang mirunggan, amarga generasi iki béda karo generasi sadurungé, utamané ing babagan teknologi lan kabudayan (rumahmillennials.com/).

       Generasi milenial titikané lair nalika jaman sarwa maju, kaya déné anané TV, telpon uga internet. Lereg yèn generasi iki lantip ing bab teknologi. Yèn ngudanèni ing kaca maya, generasi milenial kang migunakaké media sosial minangka piranti sambet ginem tumraping kanca utawa sedulur, paling akèh gunggungé. Rèhning mengkono, generasi milenial kurang darbé rasa perduli tumraping wong liya, kurang darbé rasa prihatin babagan kahanan sosial ing sakiwa tengené apa déné mbangun memitran marang sapadha-padha. Milenial, generasi kang darbé rasa pepéngin mawarna-warna uga gegayuhan kang dhuwur. Pranyata kurang nggoné prihatin kanggo nggayuh apa kang dadi pangajeng-ajengé.
Banjur kepriyé carané supaya dadi generasi milenial kang migunani? Sepisan, kudu darbé rasa perduli marang apa kang ana ing sakiwa tengené. Kayata politik, ekonomi, sosial lan kabudayan. Bab kuwi bisa baé dilakoni kanthi asring mènèhi pamrayogi lan panyaruwe tumraping kahanan kang ana.
Sabanjuré, migunakake media sosial kanthi wicaksana. Media sosial bisa dadi piranti sambet ginem, mènèhi warta kepara bisa dadi gaman kang mbebayani tumraping sapa baé. Pramila becik lan alané apa kang ana ing media sosial, gumantung cara anggone nggunakake. Gampangé supaya mupangati, media sosial kudu digunakake kanthi wicaksana, aja nyebar warta tanpa tetimbangan bab kang nyata utawa bab kang ora kasunyatané (hoax).
Kaping telu, kudu mbangun memitran tumraping sapadha-padha. Ora ateges amung srawung lumantar kaca maya, nanging uga kudu mbangun memitran ing madyaning masarakat. Bisa baé dilakoni kanthi cara tulung-matulung marang tangga teparoné, gampangé melu urun rembug uga urun pakaryan nalika gotong royong. Yèn bisa nyengkuyung bot répoté sakulawarga, sepuluh kulawarga kepara malah satus kulawarga ing sakiwa tengené. Mesthi baé undhuh-undhuhané bakal becik, nalikané prelu pambiyantuning wong liya.
Pungkasané, kudu darbé kaprigelan uga wawasan kang wiyar. Pranyata akèh generasi milenial lulus saka pawiyatan luhur nanging isih nganggur.  Dhasaré béda-béda, wiwit saka angel nggoné golèk pakaryan kang gajiné cocog karo prabéya uripé uga gawéyan kang ora jumbuh karo ngèlmu kang disinau ing pawiyatan luhur. Pramila, kudu prigel lan darbé wawasan kang wiyar, kudu bisa ngripta pakaryan kanthi mandiri. Kayata ngripta industri-industri mikro kang ngasilaké produk-produk kang bisa ditampa ing madyaning masarakat. (25/04/18).